Minggu, 04 November 2012

Walimatul Urusy Warga RT 43




Nalika ati wis mantep lan karep. Nalika umur wis cukup lan nalika wis kuat nyandang lan mapan, disunnahke yen wong lanang lan wadon uga-uga milih sisihan. Nggayuh urip bebrayan hambangun bale wisma kanggo nata urip. 

Ngugemi sunnahing Rosul kuwi mau, satunggaling warga RT.43 kang paring asma Maya Andriani putrinipun Bpk. Abd. Muin, Ing dina Ahad 4 Nop 2012 nglaksanaake ijab qobul kalian Agus Aprilianto putranipun Bpk. Ngateman satunggaling perangkat desa Jatikerto kang mbawahi RT 43 RW. 04 Perumahan Kepanjen Permai 2. 

Ing adicara sederhana kuwi, ijab qobul dipun pandegani dening Abah Fauzi kang wus diparingi mandat dening  Bpk.Muin wong tuwane Maya ( Calon temanten putri). Kasekseni dening tangga teparo adicara ijab qobul wus kalaksanan kanti gangsar tanpa alangan. 

Dening acara ngunduh mantu dilaksanaake ing daleme Bpk. Ngateman ( temanten kakung ) kang diisi hiburan dankdut saka Ngantang. 

Mugya temanten kekaleh sageta dados temanten kang sakinah ma wadah wa rohmah dumugi kaken ninen. Amien.